RESIK - RESIK
Suciani
iku pancen bocah resikan. Jumbuh karo jeneng sing di paringake dheweke. Wiwit
cilik Suciani wis diajari kulino resik wong tuwane. Pagaweane sing saben dina
ditindak ake mesti tertib.
Tangi
turu paturane ditebahi. Kemule dilimpit, bantal lan gulinge ditata apik.
Sabanjure temuju jedhing raup sarta sikatan nganggo odhol. Sikatan untu
kanggone wigati banget Amrih untu tetep resik ora gampang krowok lan lara untu.
Suciani nyandak sapu nyaponi latar, ngepel jogan, ngelap meja kursi, lemari,
lawwang lan cendela.
Sakwise
rampung lagi ados. Nuli dandan nganggo seragamsekolah. Milih klambi lan rok
sing resik. Rampung dandan banjur mangkat sekolah. (Gladi
Jawi 3) Adi Perkasa
1. Suciani iku pancen bocah resikan. Tembung resikan kosok balene ...
a.
kemproh
b. croboh
c. ngebreh
d. njembrung
2. Nyunggi iku nggawa barang nganggo ….
a. slendang
b. Sirah
c. tangan
d. pundhak
3. Embah lungguh ing kursi.
Tembung lungguh kudune …
a. lenggah
b. langkung
c. pinarak
d. dhodhok
4. Naga sari panganan sing saka glepung beras ing jerone diwenehi ….
a. iwak
b. Gedhang
c. endhog
d. wortel
5. Piranti
kanggo ngresiki meja yaiku ….
a. sulak
b. Sapu
c. serbet
d. saputangan
6. Kembang
krambil arane …
a. maya
b. mayang
c. menik d. manggar
7. Wong
sing pagaweyane nampani dhuwit ing swalayan ....
a. sopir
b.pilot
c. kusir
d. kasir
8. Bapak
kondur jam 17.00. aku ..... sekolah jam 12.00
a. budhal
b. Mulih
c. teka
d. nunggu
9. Paturonku
tak tebahi saben dina. Tembung tebahi pada tegese ….
a. lempit
b. Gulung
c. Resiki
d. umbah
10. masak – sayur
– lodeh – ibu – ing pawon
1
2
3
4 5
Runtute
sing bener yaiku …
a. 1,2,3,4,5
b. 4,1,2,3,5
c. 5,4,3,2,1
d. 4,3,2,1,5
11.
Suciani bocah resikan senengane nyapu lan mberseni awake mula diarani ….
a.
kesed
b.
taberi
c. sregep
d. akas
12. Bu guru kula badhe matur tembung matur padha tegese ….
a. sanjang
b. kandha
c. ngomong
d. bejo
13. Sing kalebu dolanan bocah wadon ……
a. layangan
b. Golekan
c. dodolan
d. pasaran
14. Kula diutus ibu tumbas gendhis. Maknane gendhis yaiku …
a. endhog
b. Uyah
c. Kopi
d. gula
15. Tanduran maneka warna ana telo, pohung, uwi diarani ….
a. pala kapendhem b. Pala
kitri
c. Pala
gumantung d. Pala kasimpar
16. Pak guru : “ ........ kowe ora mlebu sekolah?” ukara kanggo
njangkepe
a. kenapa
b. Kapan
c. Endi
d.apa
17. Doni sregep
sinau mula dadi bocah sing wasis. Wasis tegese
a. gemi
b.
Sregep
c. pinter
d. trampil
18. Sawahe bareng
thukul kabeh tandurane dak sawang katon ijo ….
a.
banget
b.
memplak
c. royo-royo
d. mbranang
19. Mancing ana kana iwak sepat
Iwak tawes
mlebu wuwu
Aja males nyikat
….
a. Untu
b.
Sepatu
c. kolah
d. jogan
20. Saiki – mas
mardi – mancing – lagi – ing kali
a. Saiki
mas mardi lagi mancing ing kali
b. mas
mardi lagi saiki mancing ing kali
c. Mas
mardi saiki lagi mancing ing kali
d. ing
kali mas mardi lagi mancing saiki
21. nwl mc
di tulis aksara latin
a.
Kawala
nama
c. Na cala nawa
b.
Nawala
maca
d. Nawala
dawa
Nyegah DB
Pak Mantri : “Hallo …, Assalamu’alaikum!
Bagus : “Wa’alaikum’salam”
Pak Mantri : “Badhe matur kaliyan Pak RT, punapa
wonten?”
Bagus : “Bapak nembe tingdak punika, Pak. Punika
sinten nggih?”
Pak Mantri : “O, iki bagus ya, iki saka Pak Mantri,
Nak.”
Bagus : “Inggih Pak, wonten wigatos punapa, Pak,
mangkeh saget kula aturaken Bapak.”
Pak Mantri : “Ya, ngene mengko matura bapak supaya
warga kene gotong royang nyegah DB.”
Bagus : “Gotong royong kok nyegah DB, punika kados
pundi?”
Pak Mantri : “Ngene, kanggo nyegah lelara DB, kudu
nindakake nguras wadhah banyu, ngubur barang-barang kang ora kanggo kayata
botot-botol, kaleng, lan nutup wadhah banyu”
Bagus : “O, makaten nggih, Pak, inggih matur nuwun
mangkeh kula aturaken bapak”
Pak Mantri : “Iya, ngono bae aja lali matir bapak!
Assalamu’alaiku”
Bagus : “Inngih, Pak. Wa’alaikum salam.”
22. Kanggo
nyegah lelara DB carane kaya ing ngisor iki, kajaba ....
a. ngobong
larahan c. ngubur barang kang ora kanggo
b. nguras
wadhah banyu d. nutup wadhah banyu
23. Supaya awak waras kudu nindakake kaya ing ngisor iki, kajaba …
a. olah
raga c. mangan sing wareg
b. mangan
teratur d. njaga resike awak.
24. Yen ana wong lara dipreksakake ana ing …
a. KUA b. Posyandu c. Polres d. Puskesmas
25. Papan panggonan kanggo tuku obat ana ing ….
a. Apotek b. penginapan c. hotel d. Rumah Sakit
26. Nuwun sewu kula badhe …
kaliyan Bu Siti, punapa wonten?
a. omong b. kandhai c. ngendika d. matur
27. Wong sing mangan tanpa ukuran
ngluwihi apa sing dipangan wetenge bakal
...
a. mumet b. pegel c. kemlekaren d. Kekeselen
Bekelan
Rini : “Sur
…Surti ayo padha dolanan menyang omahku!”
Surti : “Lha
wingi bubar dolanan pasaran saiki dolanan apa?”
Rini : “Wis,
saiki beda maneh dolanane, ora pasaran.”
Surti : “Dolanan
apa ta?”
Rini : “Iki
lho bekelan.”
Surti : “Wah,
aku durung tau bal-balan nganngo bal cilik kaya ngono kuwi.”
Rini : “Dudu
bal-balan, nanging bekelan! Kajaba bal cilik iki, mengko isih nganggo kecik,
utawa krikil ya bisa.”
Surti : “Ora
ngerti aku …..”
Rini : “Mula
kuwi ayo menyang ngomahku bae.”
Surti : “Aku
jane arep menyang ngomahe Sinta, dhek mau Sinta ngajak dolanan engklek.”
Rini : “Wah,
yen ngono Sinta diajak dolanan bekelan bae, yen wong telu luwih gayeng. Mengko
yen wis rampung genti dolanan engklek.”
Surti : “Ya
wis ayo, tur meneh yen dolanan ing ngomahmu platarane rak luwih jembar.”
Rini : “Ayo
….!”
28. Kang lagi pacelathon ing wacan dhuwur yaiku
antarane ….
a. Rini
lan Surti c. Rini
lan Sarti
b. Rani
lan surti d. Rani lan Sarti
29. Rini ngajak Surti dolanan ….
a. bal-balan c. pasaran
b. bekelan d. engklek
30. Piranti kanggo dolanan bekelan yoiku ….
a. bal
lan dhuwit c. bal cilik lan kecik
b. bal
lan krikil d. bal cilik lan watu
31. Mbah putri ndhawuhi aku mengkene : “ Tulung (waca) layang iki!”
Tembung pakon kang bener ing jero kurung
yaiku ….
a. wacanana c. wacanen
b. wacakake d. wacakna
32. … sing lagi padha dolanan bekelan ?
a. ngapa b. sapa c. pira d. apa
33. Yen wis bubar anggone dolanan becike dolanane
kudu ….
a. dijejer b. dijereng c. diringkesi d. diguwangi
34. Yen wayah ngaso bocah-bocah padha …
ing nglatar.
a. didolani b. dolanan c. dolan d. dolanana
35. Pengalaman iku tansah kelingan ora
bakal ...
a. lali b. keli c. ilang d. Bubar
Lindu
Khoirul : “Lindhu punika menapa ta. Pak?”
Bapak : “Lindhu iku horeging bumi, mula dhek mau awake
dhewe kaya dioyag-oyag, lampu padha obah lan liya-liyane”
Khoirul : “Lha ingkang nyababaken menapa, Pak?”
Bapak : “Sing nyababapake horeging bumi umpamane
gunung mbledhos, lemah bengkah, lan merga ana meteor sing tiba ing bumi.”
Khoirul : “O, makaten ta, Pak”
36. Kang
nyababake lindhu kaya ing ngisor iki, kajaba
....
a. gunung
bledhos c. meteor tiba ing bumi
b. lemah
bengkah d. banjir bandhang
37. Menawa ana lindhu becike …
a. metu
ing jaba c. jerit - jerit
b. ndhelik
ing kamar d. nangis
38. Golek kawruh iku luwih utama tinimbang golek….
a. pengalaman b. ilmu c. bandha d. kapinteran
39. bapak pucung dudu watu dudu gunung
sabamu ing sendang
encokanmu lambung kering
prapting wisma si pucung muntah guwaya
Batangane
tembang pocung ing duwur yaiku …
a.
ceret c. klenthing
b.
ember d. kendi
40. Tembang pocung kalebu tembang …
a. dolanan b. macapat c.
campursari d. kroncong
Jawaben !
1.
Adiku didulang gedhang sa….
2.
Klapa sa …. garing
kabeh.
3.
Tulisen(4) woh-wohan
kanggo lotisan !
4.
a. TANA MACA JAWA. b. AJA
PADHA RANA. Tulisen ngganggo aksara jawa !
5.
Tembung-tembung ing ngisor iki tatanen supaya
dadi uakara kang becik!
a. njahit – ibu – klambine – adhik.
b. Mas Heru – pelem – ngundhuh – lagi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar